Tuesday, December 9, 2008

Si Thole lan Basa Jawa



Si Thole lan Basa Jawa



Wis sawetara suwe, si Thole ora ngecakake basa Jawa kanthi bener lan pener. Pancen, si Thole isih lancar maca buku kang aksarane kabeh nganggo aksara Jawa. Nulis Jawa, si Thole isih eling kabeh kalebu cak-cakane aksara Jawa.



Yen dipikir-pikir, si Thole kuwi wong Jawa, mula guneman utawa nulis nganggo basa Jawa krama inggil, kudune ora kangelan. Nanging kasunyatane kok ya beda. Kala saiki, aja nganti si Thole kapilih medhar sabda nganggo basa Jawa kang alus, yaiku krama inggil. Anehe, yen dipracaya medhar sabda nganggo basa Indonesia utawa Inggris, ora angel kanggone si Thole. Ananging, jebul angel banget medhar bab kabungahan nganggo basa Jawa, nganti grothal-grathul basa krama kang metu saka cangkeme si Thole.



Wingi-wingi kae ana salah sawijining grija Jawa ing tlatah Ngayogyakarta mundhut si Thole dadi piwedhar sabda. Ana rong pasamuan. Esuk nganggo basa Indonesia, si Thole lancar, ora ana alangan sithik-sithika. La kang nganggo basa Jawa . . . nanging wala-wala kuwata, si Thole tekan tengah-tengah wedharan sabda, kocar-kacir ing bab bebasa.



Tarkadhang, si Thole yo duwe kekarepan nyalahake kahanan. Sabedhole saka SMP (utawa biyen kae SLTP—yo embuh kuwi jeneng sekolah Indonesia kok ya ora tau ajeg, digonta-ganti miturut parintahe Mendiknas), si Thole ora tau maneh diajar bab basa Jawa. Ing SMA (biyen kae SMU), anane mung basa Inggris lan Indonesia. Sabanjure, si Thole nerusake pasinaon njupuk bidang teologi ing salah sawijining seminari ing Jawa Wetan, yaiku ing kutha Malang. Seminari iki linambaran sejarah saka gereja basa Mandarin, kawiwitan dening utusan Injil saka Tiongkok kang netep ing tanah Jawa.



Iya pancen, seminari kuwi wis ora nganggo basa Mandarin yen mulang para muride. Basa Indonesia resmi kanggo basa pasinaon. Jan-jane ngono, si Thole kepengin sinau basa Mandarin. Ananging kepriye maneh, ora kuwat yen kudu ngapalke aksara Mandarin kang cacahe maewu-ewu. Nanging si Thole ngrasakake tentrem lan ayem yen to ono wedharan sabda lumantaran basa Mandarin. Kepenak dirungoake lan mak nyess ning ati. Sithik-sithik, si Thole ya nyanthol ukara-ukara Mandarin, utamane yen pas donga. Menawa ana ukara, yung yung yen yen, ah . . . mesthi donga kuwi ora bakal suwe-suwe, sabab katerusake dening Amen lan rampung.



Ing wektu iku, si Thole adat saben lunga menyang grija Jawi Wetan, ya lumayan, rada dielingake basa Jawa krama ing pasamuan, utamane ing wedharan sabda. Saben jam 9, grija kuwi nganakake pasamuan basa Jawa. Jebul ya isih tetep akeh warga jumat kang padha manembah. Yen ora ana peladosan, si Thole milih lunga grija kuwi utama grija GKI ing dalan Bromo.



Iki lo sing ndadekke si Thole prihatin. Apa ya si Thole iki wes dadi wong Jawa kang ora nJawani maneh? Dadi pandhita, nanging lali sangkane. Senenge maca buku basa Inggris lan Indonesia, nanging nglalekake basane dhewe. Si Thole kerep isin karo Rm. Sindhunata, S.J. lan duk ing nguni Rm. N. Drijarkara, S.J. kang padha sinau filsafat nganti tekan negara manca, terus isa lancar ngagem luwih saka 5 basa, nanging ya ora nate lali basane dhewe. Mula dongane si Thole, "Dhuh Pangeran Yehuwah, mugi-mugi boten ngantos kadadosan ingkang mekaten dhateng abdi Paduka."



Mula ta mula, saka wektu saiki aja nglalekake basane dhewe. Ayo ta Ca [saka tembung “kanca”], padha ngugemi basane dhewe lan kabudayan kang adhi luhung, murih ngrembakane kabudayan lan ngluhurake asmane Gusti Yesus ing satangkuping jagat.



2 comments:

  1. Mumet tenan krama inggil :)

    Kudu sinau karo Pdt. Samuel Setianto ning Semarang, beliau fasih lancar kothbah krama inggil.

    ReplyDelete
  2. Wuih...wuih...wuih...
    Kangmas Thole, jebule bingung2 to nggih an.
    Sami kemawon kaliyan kula, Kangmas!!!

    Kula kepingin sanget ndedunga ngagem basa krama inggil kagem piyantun sepuh ingkang gerah kalawanci kepengker. Nanging, nggih plegak-pleguk.

    Ndedunga kemawon kahananipun mekaten. Punapa boten langkung uueeee....leeekkk menawi kula medhar Sabda Pangandikaning Gusti Pangeran.

    Ngakune, cah Solo. Piyantun keturunan keraton Kasunanan. Nanging bab bebasan Jawa, krama inggil...nol pothol, Kangmas!!

    Nyuwun Pangapuranipun, Gusti!
    Menawi kula nglalekaken basa ibu ingkang tumemplek dhumateng lambenipun kula.

    Wis, mas ngono sik komenku.
    Tambah dibablaske, tambah ngawur ngko basane. Hehehehe....
    Hidup bahasa Jawa!!!!

    ReplyDelete